Lemah Kuning! Nama ini sengaja aku pilih, karena ini akan mengingatkan pada suatu masalah tersendiri, yang menjadi harus dicampakkan, dan dijauhkan dari kebenaran. Dan mungkin kebenaran itu hanya menjadi suatu impian belaka. Namun demikian marilah kita bermimpi, banyak orang mengatakan dengin bermimpi suatu saat akan menjadi kenyataan. Jauh sebelum saya menggunakan kata ini untuk memberi judul blog, hanya satu masalah yang muncul ketika dilakukan pencarian menggunakan google.

19.11.08

Qang Maze Joe




Sepindah, nuwun sembah sewu kagen Q Darmo


Sak lajengipun, inggih waleh-waleh punopo, kulo punoko sejatosipun saestu mboten mengidolakan Kanjeng Syech Siti Jenar (SSJ) puniko. Nopo malih ajaran-ajaranipun, kulo mboten mangertos babar blas. Menawi dipun keparengaken kulo bade nyerat sekedik kemawon.

Saking alit dumugi meh dipun lereni anggenipun nyambut damel puniko, kulo niku rak mboten ngertos to sinten niku SSJ, nopo malih Wali Songo. Inggih ngertos sekedik-sekedik saking tiyang ingkang carios. Lajeng dumugi saktunggiling wektu kulo dipun teraken kaliyan rencang kulo wonten Banten Lama. Nggih sak durunge kulo mboten ngertos babar pisan wonten ngriku puniko wonten menopo.

Lajeng sakpungkuripun rak kulo ngupadi inggih kaliyan browsing wonten internet sinten to puniko ingkang kapetek wonten ing Mesjid Banten Lama puniko. Sekedik-sekedik ngertos. Lajeng sak tunggiling wektu malih kok kulo kepingin sanget dateng wonten ing “Kadilangu” ing kito Demak puniko. Sak derengipun inggih mboten ngertos Kadilangu puniko wonten pundi? Sampun katah-katah tiyang ingkang kulo tangleti kok nggih mboten ngertos. Sak sampunipun ningali wonten ing peta nembe ngertos menawi Kadilangu puniko wonten ing sak kidul Demak, lajeng kulo purugi mriko.

Sak sampunipun radi katah ngertos sinten niku Wali Songo lajeng kok teksih wonten ingkang ngganjel, inggih puniko SSJ.

Sak tunggiling dinten naliko mlebet sak tunggiling toko buku, nembe kraos kalian SSJ, lajeng tumbas sekawan werni benten-benten ingkang nyerat. Sak tunggiling buku puniko rak wonten ingkang kaserat kaliyan sederek Agus Sunyoto, inggih ingkang seri setunggal. Kulo surasani kok sederek Agus Sunyoto puniko benten kaliyan sanes-sanesipun anggenipun memaknai SSJ puniko. Lajeng kulo kepencut, sedoyo kulo tumbas ning longkap-longkap mboten urut. Ingkang pungkasan seri tigo.

Sak sampunipun puniko, sederek kulo kok inggih purun kulo ken ndamelaken lemahkuning.blogspot.com puniko. Inggih awal-awalipun acak-acakan sanget wong kulo dereng saget on line penuh, anamung nyambi kaliyan akaryo.

Sak sampunipun kulo saged on line sekedik-sekedik kulo dandosi. Lajeng sederek kulo puniko kok pun mbereg-mbereg supados gadah facebook. Ning kulo mboten wantun ngangge nami kulo piyambak lan ngangge foto kulo piyambak. Lajeng kok kepanggih nami “Lemah Abang” puniko.

Setunggal malih, kulo nembe saged on line penuh setengah tahun kepungkur.



Nuwun!!!