Lemah Kuning! Nama ini sengaja aku pilih, karena ini akan mengingatkan pada suatu masalah tersendiri, yang menjadi harus dicampakkan, dan dijauhkan dari kebenaran. Dan mungkin kebenaran itu hanya menjadi suatu impian belaka. Namun demikian marilah kita bermimpi, banyak orang mengatakan dengin bermimpi suatu saat akan menjadi kenyataan. Jauh sebelum saya menggunakan kata ini untuk memberi judul blog, hanya satu masalah yang muncul ketika dilakukan pencarian menggunakan google.

10.8.10

Candra Sengkala

Sapto Layon Ngesti Aji
(Sumber asli: KASKUS)


Sebenarnya judul asli naskah ini adalah “Lawon Sapto Ngesti Aji”, yaitu merupakan sengkalan (Candra Sengkala) yang terdapat dalam naskah Ramalan Sabdo Palon. Namanya juga ramalan (prakiraan), jadi seandainya hal yang sebenarnya terjadi tidak tepat dengan waktunya, atau mungkin kata-katanya dari ramalan tadi yang kurang tepat, hal itu adalah biasa. Terlepas dari siapa sesungguhnya yang membuat ramalan itu, tetapi sangatlah nyata bahwa ramalan itu benar-benar terjadi. Berikut ini adalah penjelasannya.

Disini saya hanya akan menjelaskan penjabarannya saja. Sapto adalah angka tujuh (7) dalam sansekerta, dan layon adalah jasad yang sudah meninggal, dan mengungkapkan makna delapan (8) dalam candrasengkala. Ngesti juga berarti delapan (8) dan aji berarti satu (1). Kalau dibalik seluruh rangkaian angka maka menjadi seribu-delapanratus-delapanpuluh-tujuh (1887). Itu adalah tahun Saka yang jika dikonversi ke Masehi menjadi tahun seribu-sembilanratus-enampuluh-lima (1965).

Semua orang Indonesia tentu tahu pada tahun itu ada peristiwa apa. Tujuh Layon yang dimasukkan kedalam Satu lubang Sumur. Orang orde baru menyebutnya sebagai G30S/PKI.


Berikut adalah petikan dari naskah tersebut:

1. Pada sira ngelingana, carita ing nguni-nguni, kang kocap ing serat babad, babad nagri Mojopahit. Nalika duking nguni, sang-a Brawijaya Prabu, pan samya pepanggihan, kaliyan Njeng Sunan Kali, Sabda Palon Naya Genggong rencangira.

2. Sang-a Prabu Brawijaya, sabdanira arum manis, nuntun dhateng punakawan, Sabda Palon paran karsi, “Jenengsun sapuniki, wus ngrasuk agama Rosul. Heh ta kakang manira, meluwa agama suci, luwih becik iki agama kang mulya.”

3. Sabda Palon matur sugal, “Yen kawula boten arsi, ngrasuka agama Islam, wit kula puniki yekti, ratuning Dang Hyang Jawi, momong marang anak putu, sagung kang para Nata, kang jurneneng Tanah Jawi, wus pinasthi sayekti kula pisahan.”

4. “Klawan Paduka sang Nata, wangsul maring sunya ruri. Mung kula matur petungna, ing benjang sakpungkur mami, yen wus prapta kang wanci, jangkep gangsal atus tahun, wit ing dinten punika, kula gantos kang agami, gama Buda kula sebar tanah Jawa.”

5. “Sinten tan purun nganggeya, yekti kula rusak sami. Sun sajekken putu kula, berkasakan rupi-rupi, dereng lega kang ati, yen durung lebur atempur. Kula damel pratandha, pratandha tembayan mami, hardi Merapi yen wus njeblug mili lahar.”

6. “Ngidul ngilen purugira, ngganda banger ingkang warih, nggih punika medal kula, wus nyebar agama budi, Merapi janji mami. Anggereng jagad satuhu, karsanireng Jawata, sadaya gilir gumanti, boten kenging kalamunta kaowahan.”

7. “Sanget-sangeting sangsara, kang tuwuh ing tanah Jawi, sinengkalan tahunira, Lawon Sapta Ngesthi Aji. Upami nyabrang kali, prapteng tengah-tengahipun, kaline banjir bandhang, jerone ngelebne jalmi, kathah sirna manungsa prapteng pralaya.”

8. “Bebaya ingkang tumeka, warata sa Tanah Jawi, ginawe kang paring gesang, tan kenging dipun singgahi, wit ing donya puniki, wonten ing sakwasanipun, sedaya pra Jawata, kinarya amertandhani, jagad iki yekti ana kang akarya.”

9. “Warna-warna kang bebaya, angrusaken Tanah Jawi. Sagung tiyang nambut karya, pamedal boten nyekapi, priyayi keh beranti, sudagar tuna sadarum, wong glidhik ora mingsra, wong tani ora nyukupi, pametune akeh sirna aneng wana.”

10. “Bumi ilang berkatira, ama kathah kang ndhatengi, kayu kathah ingkang ilang, cinolong dening sujanmi, pan risaknya nglangkungi, karana rebut rinebut, risak tataning janma, yen dalu grimis keh maling, yen rina-wa kathah tetiyang ambegal.”

11. “Heru-hara sakeh janma, rebutan ngupaya bukti, tan ngetang anggering praja, tan tahan perihing ati, katungka praptaneki, pageblug ingkang linangkung, lelara ngambra-ambra, waradin saktanah Jawi, enjing sakit sorenya sampun pralaya.”

12. “Kesandung wohing pralaya, kaselak banjir ngemasi, udan barat salah mangsa, angin gung anggegirisi, kayu gung brasta sami, tinempuhing angin agung, kathah rebah amblasah, lepen-lepen samya banjir, lamun tinon pan kados samodra bena.”

13. “Lun minggah ing daratan, karya rusak tepis wiring, kang dumunung kering kanan, kajeng akeh ingkang keli, kang tumuwuh apinggir, samya kentir trusing laut, seia geng sami brasta, kabalebeg katut keli, gumalundhung-gumludhug suwaranira.”

14. “Hardi agung-agung samya, huru-hara nggegirisi, gumleger suwaranira, lahar wutah kanan kering, ambleber angelebi, nrajang wana lan desagung, manungsanya keh brasta, kebo sapi samya gusis, sirna gempang tan wonten mangga puliha.”

15. “Lindu ping pitu sedina, karya sisahing sujanmi, sitinipun samya nela, brekasakan kang ngelesi, anyeret sagung janmi. Manungsa pating galuruh, kathah kang nandhang roga, warna-warna ingkang sakit, awis waras akeh kang prapteng pralaya.”

16. Sabda Palon nulya mukswa, sakedhap boten kaeksi, wangsul ing jaman limunan. Langkung ngungun Sri Bupati, njegreg tan bisa angling, ing manah langkung gegetun, keduwung lepatira, mupus karsaning Dewadi, kodrat iku sayekti tan kena owah.

Link: Kaskus